Menyang kontèn

Richard Dean Anderson

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Richard Dean Anderson (2024)

Richard Dean Anderson (lair 23 Januari 1950) iku sawijining pamain film lanang Amérika Sarékat, sing saiki wus pènsiyun. Dhèwèké miwiti karièr ing télévisi taun 1976, nalika maragakaké Jeff Webber ing sèrial General Hospital, lan sawisé iku dadi misuwur maragakaké MacGyver ing sèrial mawa jeneng sing padha (1985–1992). Dhèwèké banjur main film kayata Through the Eyes of a Killer (1992), Pandora's Clock (1996), lan Firehouse (1997).

Sawisé iku Anderson main manèh ing tèlèvisi ing sèrial Stargate SG-1 lan terusané wiwit taun 1997. Stargate SG-1 iki sempalan (spin off) saka film Stargate (1994).

Babad slira

[besut | besut sumber]

Anderson lair ing Minneapolis, Minnesota, minangka anak mbarep saka papat anak lanangé Stuart Jay Anderson, guru, lan Jocelyn Rhae Carter, juru kriya. Dhèwèké iku turunan Nurwègen, Skotlan, Finlan-Swèdhen, Inggris, Jerman, Swèdhen, lan mbokmenawa suku Indian Mohawk. Anderson, jeneng mburiné iku saka mbah kakungé sing asal Finlan-Swèdhen.

Dhèwèké tumuwuh ing Roseville, Minnesota, lan sekolah ing Alexander Ramsey High School. Minangka puber, impèné iku dadi juru main hoki profèsional. Nanging ora kelakon awit tangané loro-loroné tugel sajeroné telung minggu, sauntara dhèwèké main hoki kanggo tim sekolahé mawa umur 18 taun. Miturut Stan Mikita minangka anggota Hockey Hall of Fame ('balé misuwur hoki') in taun 2009, Anderson iku "nggandrungi hoki banget lan juru main sing pinter banget." Awaké uga wis awal nggandrungi musik, kriya, lan sandiwara. Anderson uga tau nyoba dadi musikus jazz.

Anderson kuliah kanggo dadi paraga ing Univèrsitas St. Cloud lan banjur ing Univèrsitas Ohio. Nanging sadurungé olèh gelaré dhèwèké DO amarga rumangsa loyo. Sawisé taun kapisan kuliah Anderson karo kanca-kancané numpak pit saka Minnesota menyang Alaska. Banjur awaké ngalih menyang Hollywood Lor karo kanca lan pacangé sadurungé pindhah menyang Kutha New York. Pungkasané bali manèh lan manggon ing Los Angeles. Dhèwèké nyambut gawé minangka pawang iwak lodan ing pagelaran acara kéwan mamalia segara, minangka sutradara ing Marineland, musikus abad Tengahan ing téater warung, lan minangka pengamèn dalanan pantomim lan nambul. Dhèwèké tau crita menawa mangsa iki "nalika awaké ngrasa paling seneng salawasé uripé" lan awaké kepéngin ngajari para mudha marginal carané nambul, mbadhut, lan kagunan sirkus liyané.

Karièr

[besut | besut sumber]

Karièr wiwitan

[besut | besut sumber]

Paraga Anderson kapisan itku The Birthday Party, sawijiné film cekak saka taun 1975 sing dibabar déning Marine Reserve Public Affairs Unit kanggo ngrayakaké ambal warsané kaping 200 korps Marinir Amérika Sarékat. Ora suwé sawisé iku, Anderson nggabung karo sawijiné sinètron Amérika Sarékat General Hospital minangka Dr. Jeff Webber saka taun 1976 nganti 1981. Sawisé iku Anderson dadi bintang tamu minangka pasangan interrasial ing salah siji épisodhe The Facts of Life sing uga dianggep minangka épisodhe perdana liwat lawang buri (backdoor pilot). Ing taun 1982–1983 dhèwèké maragakaké Adam ing sèrial TV CBS Seven Brides for Seven Brothers (gubahan bébas banget adhedhasar filmé mawa irah-irahan sing padha). Ing musim 1983–1984, dhèwèké maragakaké Lètnan Simon Adams ing sèrial Emerald Point N.A.S. besutané Dennis Weaver lan sing lawasé 22 minggu. Pasangané ing kelir iku Celia Warren (Susan Dey), bojoné pangacara marinir Jack Warren (Charles Frank). Anderson uga maragakaké Tony Kaiser ing film TV Ordinary Heroes, sing dibabar ing taun 1986 lan dilem apik.

MacGyver

[besut | besut sumber]

Anderson dadi misuwur maragakaké Angus MacGyver sing dadi paraga utama ing sèrial tèlèvisi ngehit MacGyver, sing saka 1985 nganti 1992 suksès banget ditayangaké salawasé pitung taun. Paraga Angus MacGyver, uga ditepungi minangka MacGyver utawa Mac iku sawijiné pahlawan aksi optimistis sing misuwur amarga luwih milih lading wadyabala Swis tinimbang gaman geni piranti pilihan. Anderson nyatakaké yèn dhèwèké pisanan katarik menyang paraga iku amarga dhèwèké "kasengsem karo panemu yèn pahlawan TV sing ora seneng karo bedhil", lan gething marang aksi keras lan carané karakter MacGyver béda karo pahlawan aksi populèr liyané ing jaman iku.

Anderson bakal nerusaké sèrial TV iki sawisé rampung mawa prodhuksi rong film sambungané MacGyver ing taun 1994. Sawisé MacGyver rampung, Anderson nyatakaké "MacGyver wis pitung taun iki katon ing meh kabèh frame film sing disyuting lan ora nduwé urip pribadi apa-apa."

Sajroné acara TV iku, Anderson nandhang sawetara cilaka sing ana gayutané karo olèhé nindakaké aksi stunt-é dhéwé, nganti mbutuhake sawetara operasi. Dhèwèké nandhang lara ing cakram intervertebralis ing gegeré, nalika tiba ing sawijiné bolongan nalika syuting wayah ing tengahing musim kapisan. Senadyan mengkono dhèwèké panggah nglakoni syuting mawa kahanané sing ora optimal nganti sawetara karo tengah taun sadurungé dioperasi supaya kondhisiné dadi luwih apik. Nanging dhèwèké isih panggah nandhang lara. Anderson nyatakaké menawa cakram intervertebralisé njeblug lan marahi kondisi ischiadikus sing parah.

Karièr pungkasan

[besut | besut sumber]

Stargate

[besut | besut sumber]

Saka taun 1997 nganti 2005, Anderson maragakaké Jack O'Neill ing Stargate SG-1, sing adhedhasar film Stargate (1994) sing dibintangi déning Kurt Russell lan James Spader. John Symes, minangka présidhèn Metro–Goldwyn–Mayer (MGM), nilpun Anderson dhéwé lan takon apa awaké gelem mèlu main ing sèrial iki. Anderson bola-bali nonton film Stargate lan olèh konklusi menawa film iki nduwé "potènsi gedhé" lan banjur nèken kontrak mawa prodhuser Stargate. Anderson sarujuk mèlu karo proyèk iki, menawa paragané olèha ndarbèni kalonggaran kumidhi luwih akèh tinimbang paragané Kurt Russel ing film kelir amba. Dhèwèké uga njaluk supaya Stargate SG-1 iku dadi acara TV sing para pamainé main ramé-ramé (ensemble show) supaya Anderson dudu siji-sijiné paraga sing nyangga acara kayadéné ing MacGyver. Miturut Anderson, dhèwèké uga arep improvisasi "akèh ukara supaya nambahi guyonan marang paragané iki." Ing musim ping wolu, dhèwèké milih paragané "dipromosi" dadi kumendhan basis adhedhasar anjurané Don S. Davis. Olèhé promosi iki supaya Davis bisa pènsiyun saka main déné awaké wis lara-lara lan supaya Anderson bisa olèh paraga sing luwih cilik lan ora akèh syuting ing lokasi. Dadi dhèwèké bisa luwih akèh ngemong anaké wadon ing ngomah. Ing musim sabanjuré, Anderson mungkasi statusé minangka bintang lan sutradara Stargate SG-1 lan milih dadi bintang tamu waé saben musim, supaya paragané bisa dimainaké déning pamain vèteran Ben Browder (sing nggantèni Anderson minangkan kumendhan lapangan), Claudia Black (nggantèni Anderson minangka badhut) lan Beau Bridges sing olèh nominasi Emmy (nggantèni Anderson minangka kumendhan pangkalan).

Nalika mangan wengi Kumpulan Angkatan Udara Amérika Sarèkat sing kaping 57 ing Washington, D.C., tanggal 14 September 2004, pesirah Angkatan Udara Jèndral John P. Jumper maringi Anderson tandha kaurmatan kanggo perané minangka bintang lan sutradara èksekutif Stargate SG-1, sing nggambaraké Angakatan Udara kanthi positif wiwit awal. Anderson uga digawé dadi brigadir jèndral Angkatan Udara honoris causa.

Karya liyané

[besut | besut sumber]

Ing taun 1995, Richard Anderson tembayatan karo John de Lancie ing sèrial Legend, yaiku sèrial kumidhi sing mung ndarbèni rolas èpisodhe ing tlatah Wètan Bringas (Wild West). Sèrial iki perkara pangripta roman picisan sing kepeksa kudu maragakaké paraga fiksiné dhéwé. Awalé sèrial iki ditulis minangka film TV, nanging sabanjuré diputusaké digawé sèrial. Film TV-né sing asli didadèkaké 'èpisodhe pilot sing suwéné rong jam. Anderson dilem olèhé maragakaké Ernest Pratt lan Nicodemus Legend déning akèh kritisi, saya manèh déning John O'Connor saka koran The New York Times.

Anderson iku seneng banget marang acara TV The Simpsons, sing kerep diomongaké ing sèrial SG-1, banjur ing taun 2005 Anderson diundang dadi bintang tamu ing acara iki. Dhèwèké nyuwarani awaké dhéwé ing èpisodhe "Kiss Kiss, Bang Bangalore", nalika Anderson diculik déning Selma lan Patty Bouvier, sedulur wadoné Marge Simpson. Selma lan Patty iku wis suwé nggandrungi paraga MacGyver iki.

Dan Castellaneta, aktor swara sing maragakaké Homer Simpson (antara liyané), uga dadi bintang tamu ing Stargate SG-1 ("Citizen Joe") lan, nalika nyritakaké kasektèné bisa ndeleng prastawa-prastawa salawasé uripé Jack O'Neill, uga crita olèhé O'Neill nggandrungi The Simpsons.

Anderson uga tau cekak maragakaké Angus MacGyver ing taun 2006 sajroné iklan MasterCard nalika tetandhingan Super Bowl XL. Senadyan alur crita iklan iki adhedasar "Rumus MacGyver Formula", wataké rada-rada satire marang sèrial iki, amarga nuduhaké solusi mustakil marang alangan sing dialami MacGyver (salah sijiné, dhèwèké ngethok tali kandel mawa wewangèn gantungan ambu pinus).

Lee David Zlotoff, minangka pangripta MacGyver, ngandharaké ing tanggal 3 Mèi 2008, menawa film kelir amba MacGyver lagi diprodhuksi.

Anderson uga maragakaké MacGyver minangka paraga kaméo ing apa sing mèmper parodhi iklan acara Saturday Night Live lan nudhuhaké paraga sing kerep muncul yaiku MacGruber (dimainaké déning Will Forte), nanging sajatiné pancèn iklan tenanan kanggo acara Saturday Night Live lan Pepsi. Ing iklan iku MacGruber dadi obsèsi senengané ngombèni Pepsi. Iklan iki tayang ping telu ing tanggal 31 Januari 2009 in SNL lan bagéyan pindhoné dibalèni manèh nalika Super Bowl XLIII sadina sawisé.

Filmografi

[besut | besut sumber]

Tèlèvisi

[besut | besut sumber]
Taun Sèrial Paraga Cathetan
1976–1981 General Hospital Dr. Jeff Webber 14 èpisodhe
1981 The Facts of Life Brian Parker Èpisodhe - "Brian and Sylvia"
Today's F.B.I. Andy McFey Èpisodhe - "The Fugitive"
1982 The Love Boat Carter Randall Èpisodhe - "Isaac Gets Physical/She Brougher her Mother Along/Cold Feet"
1982–1983 Seven Brides for Seven Brothers Adam McFadden 22 èpisodhe
1983–1984 Emerald Point N.A.S. Lt. Simon Adams
1985–1992 MacGyver Angus MacGyver 139 èpisodhe
1991 The Tonight Show Starring Johnny Carson
1995 Legend Ernest Pratt/Nicodemus Legend 12 èpisodhe
1996 Pandora's Clock Kaptèn James Holland 2 èpisodhe
1997–2007 Stargate SG-1 Jack O'Neill 173 èpisodhe
2004–2006 Stargate Atlantis 4 èpisodhe
2006 The Simpsons Awaké dhéwé Episode - "Kiss Kiss, Bang Bangalore"
2009 Saturday Night Live MacGyver 2 èpisodhe
2009–2010 Stargate Universe Jack O'Neill 6 èpisodhe
2011 Fairly Legal David Smith 4 èpisodhe
Raising Hope Keith Èpisodhe - "Jimmy and the Kid"
2012 Mercedes Benz: MacGyver and the New Citan Angus MacGyver 2 èpisodhe
2013 Don't Trust the B---- in Apartment 23 Awaké dhéwé 1 èpisodhe
Taun Irah-Irahan Paraga Cathetan
1975 The Birthday Party Marinir Perang Koréa Film informasi umum
1982 Young Doctors in Love Dagang narkotika ora katulis
1986 Odd Jobs Spud
Ordinary Heroes Tony Kaiser Film TV
1992 Through the Eyes of a Killer Ray Bellano
In the Eyes of a Stranger Jack Rourke
1994 MacGyver: Lost Treasure of Atlantis Angus MacGyver
MacGyver: Trail to Doomsday
Beyond Betrayal Bradley Matthews
1995 Past the Bleachers Bill Parish
1997 Firehouse Lt. Michael Brooks
2008 Stargate: Continuum Jack O'Neill

Dolanan komputer

[besut | besut sumber]
Taun Irah-irahan Paraga Cathetan
1997 Fallout: A Post-Nuclear Role Playing Game Killian Darkwater Paraga swara
2013 Stargate SG-1: Unleashed Jack O'Neill

Sutradara

[besut | besut sumber]
Taun Irah-irahan Paraga Notes
1994 MacGyver: Lost Treasure of Atlantis sutradara èksèkutif TV
MacGyver: Trail to Doomsday
1997 Stargate SG-1
Firehouse
2004 From Stargate to Atlantis: Sci Fi Lowdown

Pranala njaba

[besut | besut sumber]