Menyang kontèn

Lambang Paulownia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Go-Shichi no Kiri (5-7 Paulownia), yaiku salah sawijining desain lambang paulownia kang ana
Lambang nayakotama Jepang

Lambang Paulownia utawa kirimon (桐紋?) yaiku desain simbol kulawarga kanthi wujud kembang lan godhong paulownia. Simbol iki wiwitane digunakake dados simbol Kluwarga Kekaisaran Jepang bebarengan karo simbol kembang sruni. Lambang puniki uga digunakake dados simbol Kashogunan Ashikaga lan papréntahan klan Toyotomi. Kashogunan Ashikaga banjur ngukir lambang Paulownia ing koin emas (koban) ingkang diterbitake kashogunan. Lambang paulownia (5-7 Paulownia) utawa Go-Shichi no Kiri saiki digunakake dados simbol Pamrentah Jepang, kalebu nayakotama Jepang.

Wiwitane, lambang Paulownia lan simbol sruni mung dianggo dening Kluwarga Kekaisaran Jepang. Nanging sawise lambang Paulownia uga dipakai dening daimyo, kraton kekaisaram mung nganggo simbol kembang krisan.

Asal-usul

[besut | besut sumber]
Wit Paulownia tomentosa
Godhong lan kembang paulownia

Ing jaman semono ing Jepang, ana akeh perkebunan Paulownia, nanging saiki arang ditemokake. Wit paulownia mekar saben wulan Mèi. Nalika bocah-bocah wadon lair, wit Paulownia ditandur ing pekarangan. Nalika bocah wadon wis diwasa lan bisa omah-omahan piyambak, wit Paulownia cukup gedhe banjur dikethok. Kayu kasebut banjur digawé dadi lemari Paulownia (kiri no tansu) lan diparingi kanggo hadiah pesta.[1]

Miturut kapercayan kuna ing Tiongkok, wit paulownia (Firmiana simplex) diarani wit kabegjan amarga manuk fenghuang ngoceh ing wit iki. Sanajan ora ana sing nate krungu swarane, kicauan manuk fenghuang munine diarani kaya "kaisar sing wicaksana, lahir kaisar sing wicaksana".[2] Mula, wit paulownia dianggep simbol kaisar ingkang wicaksana lan saleh.[2] Legenda iki uga dingerteni ing Jepang, kulawarga kekaisaran uga nggunakake simbol paulownia iki (5-7 Paulownia).[2] Nanging, paulownia sing digunakake minangka simbol ing Jepang kalebu macem-macem spesies, salah sijine Paulownia tomentosa.

Conto paling tuwa saka panggunaan lambang Paulownia puniki yaiku panji Ōyano Taneyasu, panguwasa Pulo Ōyano ing Distrik Amakusa, Provinsi Hogo ing lukisan Invasi Mongol nyang Jepang (Mōko Shūrai Ekotoba).[2] Panggunaane lambang paulownia soyo kebak sawise Kraton Kekaisaran menehi lambang kasebut minangka hadiah kanggo pandhereke. Kaisar Godaigo maringi Ashikaga Takauji lambang Paulownia.[2] Samurai sing nampa lambang iki saka kaisar mengko bakal menehi panggunaan simbol iki kanggo para pandhereke. Sajrone masa papréntahan Kaisar Saga, gambar pring, hōō, kirin, lan paulownia digunakake dados ornamen kanggo jubah kaisar. Toyotomi Hideyoshi uga nampa klambi paulownia iki saka kaisar.

Panganggone lambang Paulownia nyebar nalika pamréntahan Keshogunan Tokugawa (1604-1868). Lambang iki dianggo saka masarakat umum nganti samurai lan daimyo. Nalika semana, 473 kulawarga nganggo lambang iki, kalebu pejabat kashogunan, kluwarga samurai, lan kluwarga daimyo. Ing antarane masarakat umum, simbol Paulownia sing paling akeh digunakake yaiku 5-3 Paulownia.

Nalika jaman Bakumatsu, meh sakperlima saka kabèh daimyo lan hatamoto nganggo lambang Paulownia puniki.[3] Ing taun 1868, Pamrentah Meiji tau ngatur panggunaan simbol kembang krisan. Saliyane, lambang paulownia bebas digunakake amarga diumumake ing undang-undang Jepang ing taun 1884 manawa ora ana larangan panggunaan lambang Paulownia.

Nayakotama Hara Takashi nganggo ageman kaagungan. Ageman sing dienggo diisi nganggo akeh sulaman Paulownia 5-7.

Pamrentah Meiji nggabungake lambang Paulownia iki menyang desain lintang Ordo Matahari Terbit. Status lambang Paulownia dadi padha karo simbol kembang krisan sing digunakake minangka simbol saka Kraton Kekaisaran Jepang. Lambang Paulownia uga digunakake ing dokumen resmi kaya ta paspor, visa, utawa koin. Desain 5-7 Paulownia uga digunakake ing mburi duwit receh 500 yen.

Pamrentah Jepang uga nggunakake mangkok emas, perak lan kayu sing dihiasi krisan lan lambang Paulownia minangka hadiah resmi.[4] Peralatan ing Kraton Nayakotama Jepang lan mimbar nayakotama uga nganggo lambang 5-7 piring Paulownia.

Desain 5-3 Paulownia dianggo dening Markas Pengawal Kekaisaran lan Kementerian Kehakiman. Lambang topi karyawan perusahaan kereta api Nasional Jepang biyen uga nganggo lambang Paulownia ingkang ditambahi rodha lokomotif uap.

Desain dhasar lambang Paulownia kasusun saka telung kuntup kembang (kembang majemuk) lan telung godhong. Ing 5-3 Paulownia (五三桐 Gosan no Kiri utawa Gosangiri?) sing desain paling umum, jumlah kembang yaiku 3-5-3 (kiwa 3 kuntum, tengah 5 kuntum, tengen 3 kuntum). Desain kanthi cacah kembang 5-7-5 diarani 5-7 Paulownia (五七桐 Goshichi no Kiri?). Kajaba iku ana luwih saka 140 desain lambang Paulownia liyane.

Galeri desain

[besut | besut sumber]

Katerangan:

  • Miturut Asosiasi Penelitian Lambang Kluwarga Jepang, saka macem-macem desain Paulownia, 70% nggunakake desain 5-3 Paulownia ing Bunderan ("Maru ni Gosan no Kiri")
  • Paulownia Tosa yaiku lambang klan Yamauchi saka Propinsi Tosa. Desain iki yaiku pangowahan saka lambang paulownia sing diwenehake Toyotomi Hideyoshi menyang Yamauchi Kazutoyo.

Referensi

[besut | besut sumber]
  1. "世代を越えて受継がれる逸品「桐箪笥」". 桐箪笥. Otsuka Kagu. Diarsip saka sing asli ing 2013-07-12. Dibukak ing 2013-06-26.
  2. a b c d e "桐紋". Harimaya. Dibukak ing 2013-06-25.
  3. "桐紋あれこれ". 播磨屋.com. Dibukak ing 2013-06-25.
  4. "杯の種類". Cabinet Office, Government of Japan. Dibukak ing 2013-06-25.