Menyang kontèn

Jantung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambar panampang nglintang jantung manungsa.

Jantung (ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ) iku gronggongan organ otot kang mompa getih liwat pembuluh getih déning kontraksi kanthi irama kang dibolan-balèni. Istilah kardiak ateges gegandhengan kaliyan jantung, saka Yunani cardia kanggo jantung. Jantung iku organ kang duwé peran ing sistem parédharan getih.

Permukaan Jantung

[besut | besut sumber]

Ukuran jantung manungsa kurang luwih gedhéné sakepelan tangan priya diwasa. Jantung iku otot tunggal kang kasusun saka lapisan endothelium. Jantung papané ing njeron gronggongan thoracic, sawaliké balung dhadha/sternum. Struktur jantung mbélok mudhun lan sithik rada ngiwa.

Jantung mèh kabèh kakupeng déning paru-paru, nanging katutup déning selaput dhobel kang jenengé perikardium, kang temèmpèl ing diafragma. Lapisan sijiné nèmpèl kenceng banget marang jantung, éwadéné lapisan njabané luwih longgar lan mbanyu, kanggo ngendhani gèsèhan antarané organ siji lan sijiné ing njeron awak kang dumadi amarga obahan mompa jantung kang konstan.

Jantung dijaga ing papané déning pambuluh-pambuluh getih kang ngambah laladan jantung kang rata/ndhatar, kaya ing dhasar lan ing pinggir. Rong garis pawilah (dumadi saka otot) ing lapisan njaban jantung nedahaké ing ngendi dhindhing pamisah ing antarané sisih kiwa lan tengen serambi (atrium) lan bilik (ventrikel).

Struktur Internal Jantung

[besut | besut sumber]

Sacara internal, jantung dipisahaké déning sawijining lapisan otot dadi rong wilah pérangan, saka nduwur mudhun,dadi rong pompa. Kaloro pompa iki wiwit lair ora naté kasambung. Wilahan iki kapérang saka rong gronggongan kang dipisahaké déning dhindhing jantung. Mila bisa disimpulaké yèn jantung kapérang saka patang gronggongan, serambi tengen lan kiwa lan bilik tengen lan kiwa.

Dhindhing serambi adoh luwih tipis tinimbang dhindhing bilik amarga bilik kudu nglawan gaya gravitasi bumi kanggo mompa saka ngisor munggah, mligi ing aorta, kanggo mompa nuju kabèh pérangan awak kang duwé pambuluh getih. Rong pasang gronggongan (bilik lan serambi bebarengan) ing saben wilahan jantung disambungaké déning sawijining katup. Katup ing antarané serambi tengen lan bilik tengen karan katup trikuspidalis utawa katup godhong telu. Éwadéné katup kang ana ing antarané serambi kiwa lan bilik kiwa karan katup bikuspidalis utawa katup godhong loro.

Cara Kerja Jantung

[besut | besut sumber]

Nalika berdenyut, saben ruang jantung dadi kendho lan kaisi getih (karan diastol). Sabanjuré jantung kontraksi lan mompa getih metu saka ruang jantung (karan sistol). Kaloro serambi dadi kendho lan kontraksi kanthi bebarengan, lan kaloro bilik uga dadi kendho lan kontraksi kanthi bebarengan.

Getih kang kentèkan oksigèn lan ngandhut akèh karbondioksida (getih reget) saka kabèh awak mili liwat rong vena gedhé dhéwé (vena kava) nuju njeron serambi tengen. Sawisé atrium tengen kaisi getih, atrium bakal nyurung getih nuju njero bilik tengen.

Getih saka bilik tengen bakal dikompa liwat katup pulmoner nuju njeron arteri pulmonalis, nuju paru-paru. Getih bakal mili liwat pambuluh kang cilik banget (kapiler) kang nglilingi kantong udara ing paru-paru, nyerep oksigèn lan nglepasaké karbondioksida kang sabanjuré dihembusaké.

Getih kang akèh ngandhut oksigèn (getih resik) mili ing njeron vena pulmonalis nuju serambi kiwa. Paredharan getih ing antarané pérangan tengen jantung, paru-paru lan atrium kiwa karan sirkulasi pulmoner.

Getih ing serambi kiwa bakal disurung nuju bilik kiwa, kang saterusé bakal mompa getih resik iki liwat katup aorta lumebu njeron aorta (arteri gedhé dhéwé ing awak). Getih sugih oksigèn iki dicawisaké kanggo kabèh awak, kejaba paru-paru.

Sekitar Kaséhatan Jantung

[besut | besut sumber]

Jantung iku organ awak paling wigati, amarga kagagalan organ jantung asring mèh njalari pepati. Masalah ing jantung dipérang dadi rong pérangan, ya iku lelara jantung lan serangan jantung.

Penyakit Jantung

[besut | besut sumber]

Penyakit jantung iku kaanan kang njalari jantung ora bisa ngayahi tugasé kanthi becik. Kaanan mau antarané:

  • Otot jantung kang lemah. Iki kalainan gawan wiwit lair. Otot jantung kang lemah marakaké panandhang ora bisa ngakokaké aktivitas kang akèh, amarga meksa kinerja jantung nganti kakèhen bakal marakaké rasa lara ing pérangan dhadha, lan kadhangkala bisa njalari awak dadi katon mbiru. Panandhang lemah otot jantung iki gampang semaput.
  • Anané celah antarané serambi tengen lan serambi kiwa, amarga ora sampurnané pambentukan lapisan kang misahaké antarané rong serambi nalika panandhang isih ing njeron kandhutan. Perkara iki njalari getih resik lan getih reget kacampur. Penyakit iki uga marakaké panandhang ora bisa nglakokaké aktivitas kang abot, amarga aktivitas kang abot mèh bisa dipesthèkaké bakal marakaké awaké panandhang dadi biru lan sesek ambegané, sanajan ora njalari rasa lara ing ndhadha. Ana uga variasi saka lelara iki, ya iku panandhangé bener-bener mung duwé siji serambi.

Serangan Jantung

[besut | besut sumber]

Serangan jantung iku kaanan kang njalari jantung babar pisan ora duwé fungsi. Kaanan iki racaké dumadi ndadak, lan asring karan gagal jantung. Panyebab gagal jantung manéka warna variasiné, nanging jalaran mligi racaké ya iku karendheté pasokan getih nuju otot-otot jantung, amarga pambuluh-pambuluh getih kang racaké ngilèkaké getih nuju otot-otot jantung mau kesumpel utawa dadi atos, déning lemak lan kolesterol, utawa déning dat-dat kimia kaya panggunaan obat kang kakèhen kang ngandhut Phenol Propano Alanin (ppa) kang akèh ditemoni ing obat-obat kaya Decolgen, lan nikotin.

Ing tembé wingking uga asring tinemu gagal jantung ndadak nalika wong iku nembé ngayahi aktivitas, kaya kang nyerang sapérangan atlit-atlit bal-balan misuwur ing donya ing tengah lapangan bal-balan[1]. Lumrahé prakara iku disebabaké déning pameksan aktivitas jantung kang ngluwihi ambang wates, utawa kurangé pemanasan sadurungé ngakokaké ulah raga.

Wong kang slamet saka sawijining serangan jantung kang parah racaké uga ngalami komplikasi ing pérangan awak liyané, kaya ta umpamané stroke. Lumrahé, wong kang slamet saka serangan jantung kang gawat mbutuhaké piranti pacu jantung kanggo nyupport jantungé supaya ora dadakan mandheg.

Pananggulangan

[besut | besut sumber]

Ora ana pananggulangan kang luwih becik kanggo nyegah lelara lan serangan jantung, kejaba gaya urip séhat (kaya asring tangi luwih ésuk ora asring melèk kewengèn, lan ora ngrokok lan ora ngombé ombènan kang ngandhut alkohol), pola mangan kang séhat (ngakèhi mangan panganan kang ngandhut serat lan sayur/janganan, sarta ora kakèhen mangan panganan ngandhut lemak lan ngandhut kolesterol dhuwur), lan ulah raga kang kaatur lan ora kaluwihen. Nanging, ana sapérangan dat kang dipercaya bisa ngurangi utawa nambah résiko lelara lan serangan jantung, ing antarané:

  • Sapérangan panliti nyebutaké yèn dat allicin ing Bawang Putih pranyata bisa mbiyantu njaga kaséhatan jantung. Panlitèn mau nedahaké yèn déning khasiat dat allicin, kategangan pambuluh getih saya kurang 72%[2]. Nanging sapérangan panliti liya ana uga kang nelakaké yèn ora ana gandhéngané antarané Bawang Putih karo kaséhatan Jantung. Ing studi kang dilakokaké marang 90 pangrokok kang awaké lemu, para panliti Éropah ngentuki yèn tambahan bubuk bawang putih kang suwéné 3 sasi ora ngatonaké owah-owahan ing kadhar kolesterol pangrokok mau utawa sapérangan tandha liya résiko lelara jantung[3].
  • Studi mbuktèkaké yèn ngurangi ngrokok ora ngurangi résiko lelara Jantung. Kanggo bener-bener ngurangi résiko lelara Jantung, wong kudu bener-bener mandheg ngrokok [4].
  • Panemon kang diterbitaké ing Journal of the American College of Cardiology ndungkap konsumsi suplemen Vitamin C bisa ngurangi résiko lelara jantung[5].
  • Panlitèn nedahaké, ngurangi konsumsi uyah bisa ngurangi résiko lelara Jantung. Konsumsi uyah bisa ngundhakaké tekanan getih. Ing parcobèn dhiét uyah asor nedahaké résiko lelara jantung nganti 25% lan résiko serangan jantung nganti 20% [6]

Cathétan lan Réferénsi

[besut | besut sumber]

Pirsanana uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


Sistem kardiovaskular - Jantung Edit

Perikardium - Epikardium - Miokardium - Endokardium - Cardiac pacemaker - Nodus SA - Nodus AV - Bundle of His - Serabut Purkinje - Katup jantung